Pranoto Coro

Assalamu’alaikum wr wb
Kanthi linambaran sedyo tulusing manah sinartan lebdo luhuriung budi, mugi-mugi saliring gati purwo, madya, wasono tansah lulus manggih raharja, sepen saking sambikolo, tansah  pikantuk payunging  yuwono.
Nuwun  , mugi kapareng munjuk atur dhumateng sagung poro rawuh, , langkung ruumiyin dhumateng panjenenganipun :
Bp. Bupati minongko pangarso projo,
…………………………………………………………………………………………………………………………
Para sesepuh  dalah pinisepuh ingkang hanggung hanggegulang dhumateng reh darmaning kautamen saha ingkang dhahat kinabekten;
Poro jajaran  pimpinan skpd minongko pangemban pangembating projo  ,   kinariyo pandom, pandom, keblat, sarto panutaning  poro kawulo dasih,  ingkang satuhu tinulat sinudarsono;
Poro darmo wicoro nun inggih; Bp. Bambang Suwarno, S.Kar,M.Hum, saha  Bp. Bambang Murtiyoso,S.kar,M.Hum, budayawan saking surakarta;
Para Pangarsatama Tiga Pamengku Budaya  Jawi , Nun inggih : Pangarsatama Pepadi, Pangarsatama Permadani, lan Pangarsata HPK  kabupaten wonosobo dalah sedoyo pengurtus lan jajaripun;
Sagung para rawuh kakung sumawana putri, ingkang tansah  kaluberan robing samudro ywono basuki saha ingkang tansah tinangsulan talining pasedherekan;

Langkung rumiyin  sumonggo , tansah ngandhap ngasoraken manah tumuju keblating panembah, kanthi ngunjukaken pujo hastowo – tuwin puji hastuti, puji syukur  konjuk wonten ngarsanipun  Gusti ingkang maha Agung – ingkang sampun hambabar sakathahing karohmatan, kaberkahan, taufik, hidayah, sarto inayahipun ingkang hamawurahan,
Satemah ing titi wanci dinten punuiko – kito saget pepanggihan, nunggil papan, nunggil swasono , nunggil sedyo, lan nunggil karso, kanthi winantu ing kawilujengan, bagas kuwarasan lan karahayon kalis saking sambikolo , lan  uwal saking rubedo,
Kanthi sesarengan nindak-aken lumampahing adicoro “
Sarasehan tigo pamengku Budaya Jawi : nun inggih Pepadi, Permadani, dalah HPK Kabupaten Wonosobo, ingkang kaleksanan wonten ing dinten puniko “
Rebu wage , 28 Agustus 2013 “
Kanthi  mapan wonten ing Gedung Korpri Kabupaten Wonosobo :

Sagung poro rawuh  , sak lajengipun mugi kapareng kula badhe ngaturaken urut sarto reroncening adicoro ingkang badhe lumampahing sak mangke , nun inggih ingkang badhe  kasebat makaten :

Sagung poro rawuh  , sak lajengipun mugi kapareng kula badhe ngaturaken urut sarto reroncening adicoro ingkang badhe lumampah ing sak mangke , nun inggih ingkang badhe  kasebat makaten :
7. Pambuko
8. Atur palaporan panitia / panawung kridho
9. Wedharing gati sabdo pangandiko Bp. Bupati pangarso projo , sarto mugi kepenego hambuko adicoro sarsehan  secoro resmi ing dinten puniko
10. Mahastungkoro / sawab pandongo ingkang badhe kapangarso bo. ……………………………………………………………………………………………….
11. Penyampaian materi , nunggih babagan Kabudayan Jawi kaliyan babagan seni Pedhalangan

Materi 1 :  Babagan kabudayan Jawi ingkang badhe kaparingaken dhening Bp. ………………………………………………………………………………………………………………………….
Materi 2 : Babagan seni Pedhalangan ingkang badhe kaparingaken dening Bp. ………………………………………………………………………………………………………………………….
12. Atur  Panyaruwe, sumbang saran, iguh pratikel, sumbang surung panemu lsp
13. Dudutan ( kesimpulan ) :
14. Panutup