Sambutan Merdi Kelurahan

ASSALAMU’ALAIKUM WR.WB.
NUWUN KEPARENG MATUR DHUMATENG PANJENENGANIPUN

PARA SESEPUH  DALAH PINISEPUH INGKANG SATUHU PANA ING PAMAWAS MIWAH LEBDA ING PITUTUR LUHUR, SAHA INGKANG DHAHAT KINABEKTEN;
BAPAK KAPOLSEK NGADIMULYO;
BAPAK DANRAMIL NGADIMULYO;
BAPAK LURAH NGADIMULYO DALAH PARA STAF LAN JAJARANIPUN
PARA TOKOH AGAMI, LAN TOKOH MASYARAKAT INGKANG TANSAH KULA HORMATI;
SEDAYA WARGA MASYARAKAT KELURAHAN SELOMERO INGKANG KULA HORMATI, LAN KULA TRESNANI,
MBOTEN  KATALUMPEN  DHUMATENG  KI   DHALANG GUNAWAN PRASETYO, DALAH SAKROMBONGANIPUN SAKING PURWOREJO INGKANG KULA HORMATI LAN KULA TRESNANI;
DHUMATENG SAGUNG PORO RAWUH KAKUNG SUMAWANA  PUTRI  INGKANG TANSAH CINAKET ING MANAH.  

SUMANGGA LANGKUNG RUMIYIN KITA  SESARENGAN NGATURAKEN PUJA LAN PUJI SYUKUR  KONJUK WONTEN NGARSANIPUN  GUSTI INGKANG MAHA AGUNG – ALLAH SWT, INGKANG SAMPUN HAMBABAR SAKATHAHING KAROHMATAN, KABERKAHAN, TAUFIK, HIDAYAH, SARTA INAYAHIPUN DHUMATENG KULA LAN PANJENENGAN SEDAYA, SATEMAH ING TITI WANCI NDALU PUNIKA,  KITA SAGET SESARENGAN PEPANGGIHAN SARTA MEKEMPAL,  KANTHI WINANTU ING KARAHARJAN LAN KAWILUJENGAN TANPA MANGGIH ALANGAN SETUNGGIL PUNAPA.
        
 MINANGKA PRIBADHI LAN JEJERING PAMARINTAH KECAMATAN NGADIMULYO, KULA NGATURAKEN RAOS BINGAH  SARTA RAOS SYUKUR INGKANG TANPA PEPINDHAN, AMARGI SAGET PEPANGGIHAN KALIYAN SAGUNG PARA RAWUH, …
SESARENGAN HANGESTRENI LAN MAHARGYA  LUMAMPAHING PRASTAWA GATI NUN INGGIH “ ADICARA MERDI KELURAHAN NGADIMULYO “ INGKANG DIPUN REGENGAKEN MAWI MAPINTEN-PINTEN KEGIATAN, KALEBET PAGELARAN RINGGIT PURWA INGKANG DIPUN GELAR WONTEN ING DALU PUNIKA.  

 SAKLAJENGIPUN PERLU KAWUNINGAN BILIH KULA LAN PANJENENGAN SEDAYA, MLIGINIPUN WARGA MASYARAKAT JAWI,  SAYEKTOS  ANGGADHAHI MAWARNI – WARNI KABUDAYAN, SAE PUNIKA CACAHIPUN LAN UGI RAGAMIPUN.  BUDAYA JAWI UGI ANGGADHAHI MAPINTEN-PINTEN RAGAM SAHA CORAKIPUN, KADOSTA RAGAM KESENIANIPUN, BAHASANIPUN, UNGGAH-UNGGUHIPUN, DIALEK LAN SANES SANESIPUN;

KARANA KE-ANEKARAGAMAN KASEBAT, SATEMAH BUDAYA JAWI SAGET DADOS DAYA PAMIKAT TUMRAPING BANGSA MANCA, KADOSTA BANGSA EROPA, AUSTRALIA, AMERIKA LAN BANGSA SANESIPUN, KATITIK MBOTEN SEKEDHIK BANGSA MANCA INGKANG KEPINGIN NGGILUT SARTA NGUPADI SESEREPAN SAKING BUDAYA JAWI, AMARGI BUDAYA JAWI PUNIKA SATUHU KATINGAL ENDAH LAN UGI KATINGAL UNIK.

BUDAYA JAWI UGI MUJUDAKEN JATIDIRI BANGSA INGKANG KEDAH DIPUN HORMATI, DIPUN PERSUDI, DIPUN JAGI SARTA DIPUN LESTANTUNAKEN SUPADOS MBOTEN ICAL LAN KAGILES DENING PENGARUH BUDAYA MANCA INGKANG SAYEKTOS CENGKAH KALIYAN JATI DIRI BUDAYA BANGSA INDONESIA INGKANG ADI LUHUNG PUNIKA.

PARA RAWUH INGKANG SATUHU MINULYA ING BUDI;

PERLU KAWUNINGAN UGI,  BILIH ERA GLOBALISASI LAN MODERNISASI MUJUDAKEN SETUNGGILING KASUNYATAN INGKANG KITA LAMPAHI WONTEN ING ALAM SAKPUNIKA, INGKANG SAYEKTOS NGGADHAHI PENGARUH AGENG TUMPRAPING BANGSA SARTA MASYARAKAT INTERNASIONAL, KALEBET SETUNGGILING TANTANGAN TUMRAPING MASYARAKAT  INDONESIA.

WONTEN ING ERA GLOBALISASI LAN MODERNISASI PUNIKA KATINGAL SANGET EWAH-EWAHAN INGKANG KITA TINGALI LAN KITA RAOSAKEN, KADOSTA INGKANG DIPUN WASTANI CULTURAL GLOBALIZATION UTAWI GLOBALISASI BUDAYA. MLIGINIPUN GLOBALISASI BUDAYA SAGET KITA RAOSAKEN INGGIH AWIT PENGARUHIPUN PERADABAN LAN EROSI BUDAYA SAKING MANCA INGKANG ADAT BIASANIPUN NYIMPANG SAKING PAUGERAN SARTA  KASUSILAN.

PUNAPA MALIH WONTEN ING ALAM SAKPUNIKA, SAMPUN KATINGAL SANTER SANGET ARUS SARTA PENGARUH NILAI-NILAI BUDAYA MANCA INGKANG NGGGADHAHI NILAI NEGATIF, KABUKTI SAMPUN LUMEBET LUMANTAR MEDIA KOMUNIKASI ELEKTRONIK, KADOSTA LUMANTAR TV, INTERNET LAN MEDIA SANESIPUN.      LUMEBETIPUN BUADAYA MANCA INGKANG NGGADHAHI NILAI NEGATIF KASEBAT, UGI NUWUHAKEN PENGARUH INGKANG AGENG TUMPRAPING SIKAP, PAKARTI, UNGGAH UNGGUH LAN SANES SANESIPUN,

BAPAK/IBU, SAGUNG PARA RAWUIH INGKANG WINANTU SUKA BASUKI;

PRAMILA SATUHU BAKU LAN TREP SANGET BILIH ADICARA MERDI DESA UTAWI MERDI KELURAHAN PUNIKA DIPUN WONTENAKEN,  SARTA PERLU DIPUN SENGKUYUNG DENING SEDAYA INGKANG KAWOGAN.

ADICARA MERDI DESA UTAWI MERDI KELURAHAN KAJAWI KANGGE NGURI-URI SAHA NGLESTATUNAKEN BUDAYA JAWI,  NANGING UGI SUPADOS KITA SEDAYA ANGGGADHAHI RAOS TRESNA DHUMATENG BUDAYA JAWI INGKANG ADI LUHUNG  , KANTHI HANGUGEMI SESANTI  ” PADHA PADHA HANDARBENI, KUDU WAJIB HANGRUNGKEBI MULAT SALIRA HANGRASA WANI ;

LIRIPUN, BILIH KULA LAN PANJENENGAN SUMANGGA SARENG SARENG SAMI NINDAK-AKEN TRI KARSA BUDAYA, INGGIH PUNIKA ” NDHUDHUK, NDHUDHAH, SAHA MEKAR NGREMBAKA-AKEN BUDAYA JAWI INGKANG ADI LUHUNG PUNIKA, AWIT SAMPUN KASEBAT BILIH KUNCARANING BANGSA DUMUNUNG WONTEN LUHURUNG BUDAYA’

AMARGI BUDAYA PUNIKA SATUHU MINANGKA DADOS KUNCI UTAMI, SARTA KANGGE LANDHESAN SARTA CEPENGAN TUMPRAPING KITA ANGGENIPUN NGLAJENGAKEN PERJUANGANIPUN PARA LELUHUR;

SAGUNG PARA RAWUH INGKANG DHAHAT KINURMATAN;

WONTEN ING ADICARA PUNIKA KULA UGI NDHEREK ASUNG PIWELING LAN KINTU ATUR , KAWIWITAN   SAKING UNSUR PAMARINTAHAN, JAJARAN ORGANISASI LAN KELEMBAGAAN, SEDAYA MASYARAKAT, PARA KAWULA MUDHA , SARTA SEDAYA    KOMPONEN;

 SUMANGGA SESARENGAN SAMI SAMAT SINAMADAN, DAYA DINAYAN, GUYUB RUKUN, CANCUT TALIWANDA  SARTA HAMBUDIDAYA SESARENGAN HAMEMANGUN DAERAHIPUN  SUPADOS SAGET KAWUJUD SETUNGGILING TLATAH UTAWI DAERAH  INGKANG SANGSAYA MAJENG PEMBANGUNANIPUN, LAN MAKMUR MASYARAKATIPUN, JUMBUH INGKANG GINAYUH, SEMBADA INGKANG SINEDYA, WIDADA INGKANG JINANGKA, LESTARI INGKANG TANSAH KA-UDI.

MINANGKA PUNGKASANING ATUR, KULA NDHEREK NDEDONGA  MUGI-MUGI KANTHI NINDAKKAKEN MERDI KELURAHAN UTAWI WILUJENGAN KELURAHAN  INGKANG DIPUN MERIAHAKEN MAWI MAPINTEN-PINTEN KEGIATAN KALEBET PAGELARAN RINGGIT PURWA ING NDALU PUNIKA, MUGI-MUGI DADOSA DAYA SEMANGAT TUMPRAPING KITA ANGGANIPUN SARENG-SARENG NGANGKAT PAKARYANING PRAJA SARTA NJUNJUNG DRAJATING BANGSA;

MAKATEN, MUGI GUSTI INGKANG MAHA KUWAOS TANSAH PARING PANGAYOMAN, SARTA TUNTUNAN DHUMATENG KITA SEDAYA, AMIN YA ROBBAL ‘ALAMIN.

KIRANG LANGKUNGIPUN NYUWUN PANGANPUNTEN;
BILLAHIT TAUFIK WAL HIDAYAH, WASSALA,MU’ALAIKUM WR. WB